Tuesday, February 10, 2009

Pitutur Bisane Gampang Turu Lan Paedahe Turu Kang Angler

Ora angger wong gampang bisané tumuli turu, apa manèh turu kang angler kepati. Wong kang gampang turuné prasasat antuk kanugrahan saka Pangèran, déné pinaringan gampang enggoné arep ngasokaké pancadriya lan badan jasmaniné. Sawijining panggawé kang perlu banget tumrap kuwarasané badan lan pikiran kita.

Elinga, sajroné sedina sewengi, 24 jam, mèh saprateloné (7 jam) kita kudu turu perlu ngasokaké badan lan pikiran kita. Dadi yèn dipikir dawa, sajroning kita urip ing ndonya iki, saprateloning umur kita dumunung ana ing paturon. Mula bab turu iku pancèn wigati banget manut para ahli kasarasan tumrapé kasarasaning jiwa raga. Kudu kita tata murih bisané kelakon kanthi becik cukup waktuné lerem lan angler.

Wong kang ing wayahé kudu turu (wayah bengi), ora turu nanging among ropyan-ropyan rerojalan minum lan dangsi-dangsi kang sedyané golèk kasenengan, sanyatané ora bakal ing tembéné nemoni kasenengan kang sejati, ora bakal antuk kemareman kang langgeng.

Tumrap wong kang angèl bisané bisané turu, kudu ngrèkadaya murih bisané ngurangi kangèlané mau, sarana nindakaké patrap kang kasebut ing ngisor iki :

1. Pepalangé wong angek turu iku kang adakan 'rasa pangrasa wedi (kuwatir) yèn ora bisa turu'. Rasa-pangrasa mengkéné iki kudu kita brantas. Sing bisa mbrantas dudu wong liya, iya dudu dokter, nanging mung kita dhéwé. Kudu percaya diri pribadi yèn ora wedi ora bisa turu. Kudu yakin, yèn ora perlu sumelang yèn ora bisa turu. Rasa-pangrasa wedi lan sumelang mau kudu kita sirnakaké. Badan kudu suméléh, pikiran sumarah, aja mikir kang ora-ora.

2. Tumrap wong kang ing rinané nyambut gawé abot, adaté ora nemahi kangèlan nalika arep turu ing wenginé. Mula tumrap wong kang pegawèyané kurang ngobahaké awak, becik yèn gelema nyambutgawé 'kasar' ing ngomah kaya déné ngangsu, siram-siram, nenandur lan sapituruté utawa olah raga.

3. Senthong lan paturon kudu tansah resik gumrining. Sanajan sarwa prasaja, nanging diupakara resiké, sukur kang ngresepaké apa déné cukup hawané kang kepènak, ora kaganggu déning lemud lan kèwan-kèwan liyané. Senthong kang rupak, paturon reged, peteng, hawané panas, ganda apek lan sapituruté, mengaruhi (memalangi) marang rasa-pangrasa gampang turu.

4. Ana sawènèhing wong kang nalika mapan turu sarana memaca buku utawa kalawarti dhisik. Pamrihé supaya mripat dadi sayah, tur pikiran ora ngambra-ambra saparan-paran. Adaté iya banjur tumuli ngantuk, lan yèn wis banget ngantuké lagi matèni (nyilikaké) lampu terus turu.

5. Ana uga wong kang nalika arep mapan turu, luwih dhisik nindakaké olah raga ènthèng ing sajroning senthong nuli adus badan sakojur. Perluné supaya urat saraf bisa gampang leremé.

6. Yèn ora tahan kopi, aja ngombé kopi ing wayah arep turu. Mengkono uga panganan kang 'panas' kayadéné masakan nganganggo mrica, daging wedhus lan sapituruté, awit bisa njalari asabat tansah nggekeng, ora lerem2. Suwaliké powan (susu) sayur bayem, kangkung, katès lan sapanunggalané iku bisa mbiyantu gampang leremé urat saraf.

7. Yèn kita turu, getih kang ana ing utek kita ora akèh kang mili ing kono. Semono uga yèn weteng kita isi panganan utawa omben-omben, lakuning getih kang akèh iya menyang weteng. Kang ana ing sirah dadi kurang. Iku sababé déné yèn weteng wareg banjur krasa ngantuk. Mula saka iku ana sawènèhing wong kang marga kepengin ndang bisa turu, banjur memangan luwih dhisik, pamrihé supaya lakuné getih bisa medhun menyang weteng.

8. Ana manèh kang migunakaké obat turu (obat tidur) kang diedol ing rumah obat (apoték). Nanging ngulinakaké ngombé obat turu iki ora becik tumrap kuwarasan kita sarta njalari tuman. Yèn ora obatan banjur malah saya ora bisa turu. Aluwung yèn ora ana rèkadaya liyané, becik metu ing njaba, mlaku-mlaku ing ratan nganti sayah. Yèn wis sayah banjur mulih, mapan turu.

Satemené baé kita dhéwé kudu ngudi murih bisané gampang turu ing wayahé kita kudu turu, sarta ngudi sajroné turu mau bisané pules, angler temenan, nganti tanginé ing wayah ésuk badan lan pikiran bisa krasa seger buger. Awit mung sarana badan lan pikiran kang seger buger, kita bisa nyambutgawé kanti becik, kanthi gembira, kanthi rasa-pangrasa ènthèng, satemah pegawèyan kita bisa ngasilaké kaya kang dadi pepenginan kita.

9. Ana manèh nasèhat kang luwih penting bisané ènggal turu, yaiku aja mapan turu yèn mripat durung arip (ngantuk) temenan. Kaya déné ing bab mangan, panganan bakal luwih krasa ènak lan luwih manfaat tumrap badan kita yèn wetengé wis luwé temenan lagi mangan.

Mapan turu ing nalikané mripat durumg ngantuk temenan, mung bakal ngentèk-entèki wektu kanggo memikir kang ora-ora, awit yèn mripat durung ngantuk, adaté pikiran ngrambyang mrana-mrana tanpa tujuan, mung malah mitunani tumrap kuwarasan lan tumrap ajiné pikiran kita.

10. Pitutur kang wekasan, nanging kang ora kurang pentingé, yaiku kudu nduwé keyakinan yèn ora ana wong kang mati marga saka kurang turu. Dadi ora perlu was sumelang, suwaliké kang ékhlas sumarah marang Kang Maha Kuwasa, kaya déné Jeanette Mc Donald yèn nuju peteng atiné, ruwet pikiré banjur sembahyang kanthi nyipta isiné Psalm 23 ing Kitab Injil "Allah maha agung juru pangèn kula, kula mboten badhé kekirangan satunggal punapa. Panjenenganipun manggèkaken kula ing pangènan inkang kathah rerumputipun. Paring toya ombé ingkang nyegeraken....."

Tumrapé kaum muslimin sawenèh wis ana kang nduwé pakulinan, yèn arep mapan turu maca donga "Niyatingsun turu, aturu badan gumuling, roh madhep iman tetep, ati muji, amuji marang Allah Laa ilaa ha illallah Muhammadur rasulullah".

Sunday, February 1, 2009

Bisane Kaleksanan Anggayuh Pepenginan

Daya kekuwatan sarta tanagané manungsa iku sanyatané ora akèh bedané antara siji lan sijiné. Upama juwara mlumpat dhuwur, sanajan wis kajuwara, nanging kekuwatané mlumpat ora nganti tikel pindo saka kekuwatan mlumpaté wong lumrah, kang sababag umur-umurané lan padha bagas kuwarasané. Juwara njunjung wesi ora bakal kekuwatané nganti tikel saka kekuwatané wong lumrah kang padha umur-umurané lan padha warasé.

Nanging yen kita mawas ing bab pegawèyané utawa usahané, teka akèh kang adoh banget bèdané. Awit ana kang sajak mung ènak-ènak baé olèhé nyambutgawé, wis bisa olèh pengasilan milyaran, balik liyané wong-wong padha adus kringet olèhé nyambutgawé, teka pengasilané ora sepiroa, bebasané mung cukup dipangan sedina baé.

Nanging sanyatané pancen mung sethithik banget wilangané wong kang wis bisa suksès usahané, luwih sethithik manèh wilangané kang nganti ketekan seneng lan tentrem atiné. Kang mangka sanyatané uger wong, sapa baé, yèn ngerti marang dalan-dalané, mesthi bisa anggayuh suksès. Sarta yèn weruh wadiné marang kapriyé penggayuhé kasenengan lan katentreman mau, iya mesthi bakal kinabulan.

Urip sepisan ing ngalam ndonya iki, kita kudu ngudidaya bisané antuk kanugrahan kang arupa kabegjan, marga suksès enggoné nyambutgawe, katekan apa kang dituju, kasembadan apa kang disedya. Kudu bisa migunakaké urip kita ing ndonya iki klawan sabecik-beciké, kang migunani lan mikolehi.

Kanggo anggayuh kaleksanané sedya antuk kabegjan mau, kita kudu nduwèni sangu kabisan kang kudu kita sinau lan kita lelantih. Yèn manut piwelingé Pujangga Ronggowarsita 'èsthinen nganti kelakon'.

Sadurungé golèk sangu kabisan, kita kudu ngerti dhisik apa ta sanyatané kang bakal bisa gawé rasa seneng lan tentrem iku mau? Awit siji-sijiné wong ing bab iki, ora padha panemuné. Kang akèh-akèh wong padha nduwé panemu, yèn dhèwèké kelakon nduwéya ika utawa iki, mesthi bakal seneng lan ayem. Yèn nduwéya motor, mesthi seneng, yèn kelakon nduwéya omah apik, wis mesthi bakal bungah, yèn nduwéya duwit akèh, wis mesthi ayem, mengkono sakpituruté. Nanging sanyatané rasa-pangrasa seneng tentrem lan begja iku ora dumunung ana ing bab duwé orané, nanging kaleksanané pepenginané.

Wong kang wis pinter nyetir motor, ora bakal ngrasakaké kabungahan lan kasenengan enggoné nyetir, awit kahanan kang mengkono mau wis ora narik perhatian. Nanging tumrap wong kang lagi sengsem-sengseme sinau nyetir, wis mesthi dhèwèké ngrasakaké seneng banget ing wektu bareng wis kelakon bisa nindakaké apa kang dadi pepenginané mau.

Wong kang wis pinter njogèd, luwih-luwih kang wis dadi penggawèyané saben mbengi ngébaraké kagunané mau, ora bakal dhèwèké ngrasakaké seneng saka enggoné njogèd mau, awit kang mengkono mau wis klebu kahanan biyasa. Balik tumrap wong kang ketembén lagi bisa njogèd, wis mesthi ngrasa begja lan seneng banget.

Mengkono uga wong kang laku dagang, kang tansah nemahi kabegjan lan kauntungan, senengé lan bungahing atiné dumunung ana ing nalika dhèwèké sengkud nyambutgawé kang njalari tekané kauntungan mau. Terkadang yèn wis tekan titi mangsané arep seneng-seneng migunakaké kasugihané, malah ora nemahi kesenengan lan kemareman.

Mula saka iku, bisané kita maju kudu bèrag marang rasa kabegjan. Bisanè antuk kabegjan kudu bisa anggayuh kaleksanané pepénginan. Dadi kang baku, luwih dhisik kita kudu nduwèni pepénginan kang wujudé warana-warna banget iku, lan tumrapé wong siji lan sijiné ora padha.

Yèn wujudé pepénginan mau dhuwur, enggoné anggayuh kudu saka sathithik, saka satalundang-satalundang. Yèn wujudé pepénginan gedhé, enggoné njupuk kudu saka sathithik-sathithik, aja murka kaya cecak anguntal elo. Dumadiné kabegjan kang wujud rasa seneng, marem lan tentrem iku kudu digayuh saka kaleksanan pepénginan cilik-cilik saka sethithik. Liré kita kudu ngleksanani pepénginan kang cilik-cilik luwih dhisik, sadurungé anggayuh pepénginan kang gedhé, dadi kita banjur nduwé tujuwan kang wis kita tetepaké bakal kita gayuh. Awit pepénginan kang miyar-miyur, utawa pepénginan kang tanpa tujuwan kang tetep, mung bakal ngecèh-ecèh tenaga lan pikiran baé, ora bakal kaleksanan ngunduh wohing panggawé.

Yèn mengkono, kita kudu nduwé rancangan panyambutgawé. Awit puluha tujuwané wis maton, wis dipilih kanthi gelenging pikir, nanging yèn carané enggoné anggayuh tanpa rancangan, tanpa rencana, bakal ora gampang kaleksanané. Pancen sarupaning perjuangan kan becik iku kabèh kudu mawa pétungan, harus memakai perhitungan.

Dr. J.F. Shipley naté ngandaraké pepénginané sawijining pemuda umur 18 tahun, kang bareng metu saka pamulangan, nduwé pepénginan mengkéné :
1. Sawijining pegawèyan kang bayaré gedhé.
2. Tepungan sawijining kenya kang èndah warnané
3. Sepèdah motor kang apik.
Iku tuladha pepènginan kang murka, tur kepénginé bisa kaleksanan bebarengan.

Dr. Tjokrohadiwidjojo ing 'Abadi dan Sementara' ngèlingaké, beciké kita migatèkaké marang 3 bab :
1. Rungokna osiking jiwa kita, awit mesthi murniné.
2. Ngudidaya (ikhtiyara) klawan sabecik-beciké, nanging kang semono mau kudu sadar yèn ta pètungané manungsa iku najan dikaya ngapa tumatané, isih ana kang klèru.
3. Kang mengkono mau ateges kita kudu percaya lan tawakal marang karsaning Pangeran.

*
**

Wossing atur : Supaya kita bisa kaleksanan nggayuh pepénginan murih kelakon seneng lan tentrem, ing kalamangsané kudu milih siji baé kan maton lan ora langka kagayuh. Pikiran lan tenaga kudu kita sawijèkaké mligi kanggo nggayuh pepénginan kang siji iku.