Monday, January 26, 2009

Seneng Agawe Kepenake Atine Liyan

Panembahan Senapati iku nalika sugengé (jumenengé 14 Sura 1509 utawa Masèhi 1586) kejaba kepati enggoné amarsudi sudaning hawa lan napsu, uga remen banget amemangun karcènak tyasing sasama. Remen banget agawé senenging atiné liyan. Wewatakan kang mangkono mau dianggep utama déning pujangga Mangku Negoro IV lan dianjuraké ing 'Wedhatama' -né supaya kita padha anuladha.

Nuladha laku utama, tumrapé wong tanah Jawa, wong Agung ing Ngèksiganda, Panemchan Sènapati, kepati amarsudi, sudaning hawa lan napsu, pinesu tapabrata, tannapi ing sariratri, amamangun karcènak tyasing sasama.

Dadi pakulinan seneng ngepènaki atiné wong liya iku pinuji banget.

Wewatakan agawé senengé atiné liyan mau jebulé malah wijining tamba kang ampuh tumrap lelara jiwa, déné bisa maluyakaké panandang (wong lara) kang kèlangan rasa seneng lan tentrem. Bab iki bisa kita buktèkaké saka panemuné Dr. Afred Adler, sawijining ahli jiwa kang misuwur saka enggoné marasaké wong-wong kang nandang lara jiwa sarana anjurane "Kowé bakal waras sajroning 14 dina yèn kowé manut marang nasèhatku. Yaiku ing saben ndina memikira kepriyé bisané agawa senengé atiné wong liya."

Wossé, panemuné ahli jiwa mau, kang akèh-akèh sebabé wong nandang lelara kang memelas iku marga saka kurangé ndarbèni perasaan kemasyarakatan. Yèn ta wong kang nandang kasangsaran mau banjur tuwuh rasa-pangrasané kemasyarakatan, yaiku miga-tèkaké kaperluwané liyan, gelem gawé bungahé tangga teparoné, istingarah bakal waras.

Katiyasané penggawé 'nyenengaké atiné liyan' iku pancèn gedhé banget paèdahé. Mula ora anèh yèn Panembahan Sènapati remen banget amemangun karcènak tyasing sesama, apa déné Kanjeng Nabi Muhammad s.a.w. piyambak iya wis dhawuh "Klebu èwoné (golongané) penggawé becik wong kang bisa njalari èseming wong liya saka bungahing atiné".

Katiyasané penggawé nyenengaké atiné liyan iku ora mung murakabi marang wong sing diwènèhi seneng baé, nanging uga numusi marang wong kang mènèhi.

Tuesday, January 20, 2009

Rekadaya Mbrantas Perasaan Jengkel

Rekadaya murih bisané nyirnakaké perasaan jèngkèl utawa ruwet kang mitunani banget tumrap kuwarasané badan lan pikiran kita iku, ana saraté 10 perkara :

1. Kudu bisa mekaraké perasaan kang luhur. Ngurip-urip lan ngipuk-ipuk rasa pangrasa kang adi luhung. Aja ngulinakna memikir bab-bab kang rèmèh, aja ngetogaké (Ind. : membiarkan) marang perasaan nyampuri bab-bab thèthèk-bengék. Yèn kepranggul bab-bab lan kahanan rèmèh-rèmèh utawa thèthèk-bengèk, aja dilebokaké ati, liré aja digagas nemen-nemen. Emana marang ajining perasaan kang luhur.

2. Sing seneng mèsem lan gumuyu. Ulat manis iku ora mung gawé senengé kang ndeleng, nanging uga numusi marang batiné dhéwé. Wong kang tansah mbesengut, kang pijer tepung alisé, kejaba delengané ora ngresepaké, uga nambahi perasaan sedih lan pangresula tumrap diriné dhéwé. Seneng mèsem lam gampang gumuyu bisa mbiyantu tekané kegembiraan lan kasenengan, numusi marang perasaan seneng lan ayem tentrem.

3. Urip kan temata. Liré kudu bisa ngatur rumah tangga klawan teratur, pangan lan panggonané dijaga klawan sabecik-beciké. Sesawangan sajroné rumah-tangga bisaa nengsemaké lan ngresepaké. Badan kan sèhat bakal mbiyantu kesèhatané jiwa lan pikiran. Bisa mranata urip (èkonomi rumah-tangga) kanthi pètungan kang sèhat, supaya ora nganthi kahanan rumah-tangga (balé omah) kacau utawa ribet.

4. Nduwéya tujuwan. Manungsa iku tinitah dadi makhluk kang mulya dhéwé ing ngalam ndonya iki. Nanging yèn ora nduwé tujuwan ing ndalem uripé, drajadé mèh padha baé karo titah liyané. Mula saka iku kudu nduwé tujuwan, umpamané dadi saudagar, pegawai, sopir, pilot, tani merdika, juru rawat, cita-cita kepèngin sugih, misuwur jenengé, ahli nemokaké, dadi seniman, mengkono sapituruté. Tujuwan mau atusan wernané, bisa dipilih dhèwè siji baé manut dedasarané lan kekuwatané, nanging iya kudu ngèlingi marang kepentingan masyarakat, jer kita urip ing ndonya iki ora ngijèni.

5. Sabar lan narima. Yèn nemahi kahanan ora kaya kang dikarepaké, aja gampang gugup, gela, nesu, uring-uringan. Aja kesusu-susu lan gita-gita tumrap sabarang kang ora perlu ditindakaké kanthi rerikatan, kudu bisa ngerèh perasaan daya-daya, bisaa sabar, narima lan sarèh. Liré bisa (gelem) nampa utawa wani nampa kahanan kang panci kaya mengkono kahanané, aja gampang angles.

6. Kudu tatag lan dadag. Yèn kapengkok ing pancabaya, yèn kesandung ing pepalang, kudu wani tumindak klawan gawé putusan kang pasthi ora ragu-ragu. Putusan mau kudu kita gelengaké ing tèkad lan kanthi kita pikir klawan mateng dhisik, aja nganti ing terabé nemahi keduwung mburi. Ewadéné yèn sawisé nibakaké putusan mau, thukul rasa-pangrasa sumelang (worry) kang bisa ngganggu katentremaning ati, kita kudu èling yèn wani mutus klawan tatag lan dadag iku luwih becik katimbang sikep kang ora tegas (samar-samar) kang ora wani nibakaké putusan apa-apa.

7. Urip wewaton dinan. Nduwéya penganggep yèn apa kan kita tindakaké ing dina wingi, iku wis kepungkur, wis ora perlu digagas (disedihaké) manèh. Déné apa kang kita tindakaké sésuk, iku barang durung kelakon, mula ora perlu kita sumelangaké, ora perlu kita ribetaké banget-banget. Apa kang kita tindakaké lan kita sandang ing dina iki baé kang kudu kita gatèkaké, kita pikiraké, nganti bisané kelakon becik. Mula nduwéya wewaton urip matesi sajroning sedina kang kita lakoni baé.

8. Ngaso lan lerem. Pujangga Pascal naté kanda, yèn sakabèhing kasusahané manungsa iku sejatiné marga padha ora ngerti kepriyé kuduné dhèwèké lungguh kanthi meneng anteng. Mula saka iku, ngasokake pikiran, ngleremaké ati iku perlu banget. Bab-bab kang rèmèh lan sepélé liwatana baé, balik wawasen sakèhing rerupan lan kahanan kanthi tenang lan sarèh.

9. Geguyonan lan dolanan (refreshing). Saliyané urip kan biyasa, beciké selingana nindakaké apa ta apa kang dadi kesenengan kita, kayata mancing, dolanan catur, main bal-balan, gawé gambar-gambar utawa lukisan, menyanyi (nembang), njogèd, ngarang tembang, syair lan sakpanunggalané. Kasenengan lan panglipur kan sèhat, njalari kuwarasané jiwa lan pikiran kita. Uger aja kesasar kèrem marang kasenengan kang ngrusak, kayadéné judi, pornografi lan gambar-gambar saru utawa wanita bugil lsp.

10. Nindakaké pegawèyan. Yèn pinuju ora ana gawèyan, aja ngelamun. Yèn kaganggu ing ruwet renteng, aja mung mrengut njureng, nanging nyandaka pegawèyan apa ta apa, kayata mlaku-mlaku, pacul-pacul ing pakebonan, dolan-dolan ndeleng dasaran toko, njajan ing warung kang resik, dondom-dondom, nyongkèt (nyulam) mengkono sabanjuré uger nindakaké pegawèyan, supaya pikiran lan perasaan kita bisa ingseraké marang saluran liya.

Tumrapé wong kang gampang muring-muring mung saka sebab sepélé, Kanjeng Sunan Ngampèl naté mejang muridé, "Yèn kowé arep muring-muring, turuwa".

Wejangan iki ngandut teges, yèn dereng (nafsu) arep muring-muring iku menawa disarantèkaké (ditunda) adat saben banjur bisa lilih, bisa suda-suda, satemah lerem ora sida nesu. Malah yèn manut Al-Qur'an ing surat Ali Imran, nelakaké yèn Gusti Allah angasihi marang wong kang tumindak becik, yaiku klebu wong kang ndelikaké nesuné gelem ngapura wong liya.

Tumrap wong kang sok ngonggo-onggo, gampang jèngkèl marga saka sabab kang rèmèh-rèmèh, umpamané ngresula déné wis wèwèh taka ora nampa panarima, ing bab iki Mahabarata awèh piwulang, yèn 'Umangsah perang iku gampang, kang angel mono mènèhi samubarang marang liyan tanpa ngrasa gumedhé lan tanpa ngarep-arep pangalembana. Sabar,sukur,jembar segarané.

Thursday, January 15, 2009

Sabar Nalika Susah Lan Narima Sawise Ikhtiar

Ing jaman révolusi, wong kang sabar narima, adakané nemahi kapitunan utawa kacilakan. Ing jaman dynamika kang nengenaké tandang cukat trengginas kaya saiki, yèn wong sabar lan narima baé mesthi bakal ketinggalan, kèri ana ing mburi.

Nanging wewatakan sabar lan narima iku sejatiné ora ateges pasif, meneng, thenguk-thenguk sangga uwang - ora berjuang lan ora bergerak. Sabar iku ora ateges mung ngentèni tètèsing ebun. Ing wulangan agama Islam, kasebut ing ndalem firman Allah mengkéné, "Klebu jinisé wong kang becik-becik sarta utama yaiku wong kang sabar ing ndalem kasusahan lan bebaya, sarta sabar ing nalika nanipa karibetan. Ganjarané wong kan sabar iku bakal disampurnakaké klawan amalé, ing nalika uripé lan ing mbésuké".

Dadi werdiné sabar ing kéné ora teka meneng narima pandum, mung ngarep-arep lan ngentèni piwelasing liyan, ora, nanging ana jinis sabar liyané manèh kang yèn dienggo malah bakal nekakaké ganjaran gédhé. Yaiku sabar ing ndalem kesusahan, sabar ing nalikané nampa pepalang lan reribet.

Kita urip ing alam ndonya iki ora luput saka ing alangan. Najan banget ing pangati-ati kita supaya kalis ing pepalang lan kasusahan, éwadéné ing sawijining wektu sepisan pindo iya meksa nandang kasusahan utawa nemoni pepalang. Kang mengkéné iki wis dadi wataking kahanan ing ngalam ndonya, owah gingsir, ora ana kang langgeng. Kyai Ageng Surya Mataram ngendikakaké sarana istilah 'gèk bungah gèk susah'.

Mula saka iku, tekané rintangan lan kasusahan kang nrajang urip kita, kudu kita anggep lumrah, aja banjur katampa klawan gugup, kagèt utawa gedéné angles. Ing nalikané kahanan kang kaya mengkono mau, kita mbutuhaké kesabaran, supaya bisa kalis saka bebaya liyané kang arep nimbrung muwuhi kasusahan kita. Yaiku rasa-pangrasa jèngkèl, uring-uringan, mangkel, lan sak panunggalané kang luwih mbebayani manèh tumrap urip kita.

Awit iya rasa-pangrasa gampang nesu, gampang jèngkèl lan sapituruté mau kang bakal ngrusak rahayu slameting urip kita, kang bakal dadi ulering rasa-pangrasa ayem lan tentrem.

Sabar kang ora klèru panggonanè, sabar kang trep panindaké, bakal awéh kabegjan marang sok uwonga kang kadunungan sesipatan mangkono mau. Malah firman Pangèran anerangaké kanthi wijang yèn "Satuhuné Ingsun bakal angganjar wong-wong kang sabar sarana ganjaran kang ngluwihi beciké saka kang diamalaké".

Nanging kang akèh-akèh tinemuné ing kalangané bangsa kita, piweling supaya sabar narima mau tinampa kanthi pangertén kang kurang tepat. Yaiku déné kèh-kèhané banjur pasif, lumuh ikhtiyar, lumuh berjuang mbeciki panguripané, emoh tandang gawé kanthi giyat, wegah meres kringet, lumuh nyambut gawé kanthi ngetog kabisan lan kekuwatané. Anané banjur narima ing pandum klawan sesanti 'ana njawa ana upa, alon-alon uger kelakon'. Kang mengkènè iki 'klèru'.

Kasebut ing 'Serat Gambring' ana piweling tinggalané leluhur kita sarana tembang durma :

Basa wani wanuh waniné winenang,
wanuh winowor ing sih,
wenang sinengaja,
wani mangsah prayitna,
anglakoni prèntah becik,
sarat ginulang,
ngembat kodiron suci.

Basa nrima iku sawising ikhtiyar,
ikhtiyar iku katri,
dihin basa lèsan,
prayitna barang ujar,
kapindo anteping ati,
kang kaping tiga,
barang pratingkah becik.

Kaya kalumrahané, leluhur kita jaman kuna yèn paring wejangan marang kawulané, ora blak-blakan lan ora nganggo tetembungan prasaja, sarta iketan ukarané ora gampang dimangertèni, nanging tansah rinengga ing tetembungan kasusastran kang èdi-èdi. Coba tilingna sepira kepènaké rinunguné purwakanthi 'wa' ing ukara ndhuwur mau, basa wani wanuh waniné winenang, wanuh winowor ing sih.

Wirama swarané pancèn kepènak banget. Nanging surasané wejangan, ora gampang dimangertèni, yèn ta ora diteliti siji-siji saka satembung-satembung.

Wejangan bab 'narima' ing 'Serat Gambring' mau, tinemu ing pupuh kapindo, yèn dijèrèng nganggo tetembungan prasaja, mengkéné :

"Wong kang narima iku sawisé katog enggoné ikhtiyar. Déné ikhtiyar iku tindakan atawa panggawé kang katelu, awit sadurungé ikhtiyar, dhisiké (kang kapisan) wong kudu ngati-ati ing bab caturan utawa rembugané. Kang kapindo kudu nduwé kamantepaning ati, liré aja was sumelang, kudu percaya diri pribadi, déné kang nomer telu, sabarang tindak-tanduk kang becik. Yèn kabèh mau wis dilakoni, wis nindakaké ikhtiyar, lan yèn ikhtiyaré wis katog, lagi narima".

Mengkono werdiné narima, manut wejangan kuna. Dadi ora ateges narima tanpa ikhtiyar. Ora teka narima kang ora dibebukani nyambut gawé kanthi ngetog kekuwatan lan kepinterané.

Narima kang dibebukani sarana ikhtiyar kang nganti ngetog kabisan kanthi meres kringet, tumusé ing ati, yèn ta ora kasil ora bakal ngresula, ora bakal jèngkèl lan uring-uringan kang njalari tekané penyakit mbebayani iku. Suwaliké malah banjur bisa nekakaké rasa-pangrasa sumèlèh, ayem tentrem.

*
**

Pathining pitutur : Watak sabar kang pinuji iku watak kang utama lan migunani banget tumrap karahayuning jiwa lan raga. Mula perlu banget nglelatih watak sabar, bisaa ngerèh rasa-pangrasa ngonggo-onggo lan èmosi dereng kang gumrengseng, supaya bisa ayem tentrem.

Saturday, January 10, 2009

Paedahe Bisa Mranata Perasaan Lan Pikiran

Para dokter ahli ing Klinik Mayo, antarané Dr. Karl Menninger, nerangaké yèn ing rumah sakit (pantiroga-hospital) kang diedegaké, kèhé wong-wong kang nandang lara, sapérangan gedé marga saka kekacauan senuw, marga saka kaganggu urat-syarafé. Kang mangka saupama senuw utawa urat-syarafé wong-wong kang lara mau dipriksa sarana kaca-praksana (microscope), tinemuné waras wiris, padha baé beciké karo urat-syarafé Jack Demsey, tilas jago gelut kang misuwur iku.

Lelarane wong-wong kang dirumat ing hospital mau, jalarané ora teka saka senuw-badané, nanging kang baku marga saka pengaruhing rasa-pangrasa kang ora-ora, yaiku saka pangaribawane perasaan kang luluh, saka pengaruhé pikiran kang rangu-rangu, bimbang, was, sumelang. Saka dayané pangangen-angen kang kalut marga jèngkèl, uring-uringan, ora nriman, oncor-oncoran, ngonggo-onggo, saka kuwatir, wedi, gela sarta enték pangarep-arepé.

Wong-wong kang mengkono mau, kejaba uripé ora bakal seneng lan ora naté tentrem, iya nandang kapitunan gedhé ing bab kuwarasané badané. Sanajan sugih donyabrana, ora bakal bisa ngrasakaké kanikmataning urip ing ngalam ndonya, marga atiné tansah goréh, ora jenjem, lan badané tansah lelaranen. Sanajan suksès enggoné nyambutgawé utawa sanajan kaleksanan bisa nduwé pangkat dhuwur, nanging uripé ora klebu golongan wong kang rahayu slamet, cekaké ora bahagia.

Manut pujangga Yunani Plato, kahanané badan wadag lan badan rohani ora kena dipisah-pisahaké, mengkono uga ing bab kuwarasané. Mula saka iku pujangga mau ora mbeneraké yèn wong mung nedya nambani lelarané wong liya, tanpa nganggo nambani lelarané pikirané.

Para ahli kuwarasan sing akèh-akèh mung nambani lelaraning badan, nanging ora nambani (uga) lelaraning batin.

Pancén saiki para ahli lagi ngudidaya ngecakaké cara pengobatan anyar kang diarani psychomatic medicine, yaiku cara nambani lelara karo-karoné lahir lan batin, badan lan jiwané wong kang lara. Marga kahanané sing akèh saiki para ahli wis padha suksès enggoné mbrantas lelara cacar, kolera, typus lan liya-liyané kang mbebayani lan kang saben-saben njaluk kurban pirang-pirang puluh èwu jiwa iku, nanging isih durung kasil enggoné mbrantas nambani lelara kang jalaran saka laraning badan lan jiwa. Penyakit warna loro iki ora teka saka anane kruma, baktèri utawa baksil wijiné lelara nanging saka èmosi, pengrasaning ati, saka kajèngkèlan. Gampang nesu tanpa sebab utawa gampang nesu marga sebab kang sepélé, saka was sumelang sarta enthèk pangarep-arep. Kang mangka penyakit kang mengkéné iki ora kurang-kurang enggoné angurbanaké jiwa nganti atusan ewon. Malah manut panaliti kang wis katindakaké ing Amerika, ing saben wong lara 10, ana 1 kang kaserang lara jiwa utawa pikiran kang mengkono mau. Ing antarané pemuda 6 kang diajokaké mlebu milisi, ana 1 sing kaganggu lara pikiran.

Tumekané saiki para ahli durung bisa nemokaké kanthi gumathot apa kang njalari lelara jiwa utawa pikiran mau, nanging umumé wis padha ngakoni yèn sapèrangan gedhé marga saka gangguané rasa-pangrasa wedi utawa perasaan jèngkèl lan seneng uring-uringan mau. Godané pikirang ora bisa nglawani marang kahanan kang sanjatané, kang sabeneré, nyasaraké marang pangangen-angen kang ora nyata, marang pengalamunan. Iya sabab-sabab kang mengkéné iki kang banjur marahi tekané lelara kang nrajang jiwa raga.

Yèn nithik andaran ing nduwur iki, nyata banget yèn pakulinan seneng muring-muring tanpa sabab kang maton utawa padatan seneng nesu perkara thèthèk bengèk kang njalari jèngkèl iku mbebayani banget! Emosi utawa perasaaning ati kang nuwuhaké rasa-pangrasa jèngkèl (worry), yèn manut panemuné Dr. Edward Podolsky kejaba njalari lelara jiwa, malah bisa dadi jalarané lelara blueddruk dhuwur (darah tinggi), rheumatiek (èncok), lelara weteng, ngelu, pilek, kencing manis lan sak panunggalané manèh.

Mula saka iku sing sapa kepéngin urip bagas kuwarasan, ayem tentrem, rahayu slamet, kejabané ngudidaya manut kawruh kelahiran kaya déné pituduh-pituduh saka asilé ngèlmu (weten-schap), ora kena nglirwakaké pangudiné déwé, supaya bisa ngeréh batiné dhéwé, supaya bisa mranaca pikirané, supaya bisa ngatur rasa-pangrasané.

Katentreman dumunung ing pangèsti rahayu, ati kang bening, pikiran kang temata. Meneng, nanging menengé jinem, kebak ing pangangen-angen resik, isi cipta kang sejati, kayadéné wejangané pujangga Ronggowarsito ing 'Kalatida Sabdajati' kang muni "Pamanggoné anèng pangèsthi rahayu angayomi ing tyas hening, heninging ati kang suwung, nanging sajatiné isi, isiné cipta kang yektos".

.....o0o.....

Wossing atur : Kita kudu bisa nglatih ngendalèni perasaan kita dhéwé. Aja mung kèntir kèli manut ilining rasa pangrasa. Sarana nglatih lan mangerti bebayané èmosi, kita bisa ndarbèni watak kang agung, bisa nyandet nafsu asor kang mitunani.

Monday, January 5, 2009

Candak Kaca Bab 2

Tulisan iki candak saka kaca : Bebayane Perasaan Jèngkèl Lan Seneng Uring-Uringan

Bab iki bisa kita mangertèni, amarga sarjana leluhur kita dèk jaman semana durung dhuwur kawruhé bab kawruh kadokteran lan kawruh kajiwan kaya déné jaman saiki. Nanging yèn ing bab wawasan saka jagad kebatinan kerep keprungu. Brahmawedya naté wedar wawasan bebayané rasa-pangrasa uring-uringan mau mengkéné : "Muring-muring, gething, drengki, srèi, mèri, panastèn lan sak panunggalanipun, punika pandameling raos utawi manahipun tiyang, déné pandamel ingkang miturut sipating gesang (jiwa). Mila menawi tiyang punika sampun mangertos, bilih sadaya wau pakartining pirantos, mila lajeng kedah dipun pigunakaken kanggo nelukaken wataking pirantosipun piyambak ingkang ugi kados mekaten watakipun. Jalaran pakartinipun pirantos wau ugi satunggiling kekiyatan. Upami badé kraos muring-muring, lajeng dipun ampah ; 'aku emoh muring-muring, amarga muring-muring iku dudu wataking jiwa, mangka iku jiwa, mulane emoh muring-muring'. Mekaten salajengipun tumrap satunggil-tunggiling wewatakan utawi pakerti wau.

.....o0o.....

Dadi wossing atur : perasaan jèngkèl utawa seneng uring-uringan (worry) iku manut panemuné sarjana bab pengobatan (para maha-guru dokter) mbebayani tumrap kasarasane badan lan jiwa. Déné manut wulang agama lan kebatinan, apadéné ngendikané sarjana leluhur kita dhéwé bab iku mau iya ora becik lan kudu disingkiri.

Bebayané Perasaan Jéngkél Lan Seneng Uring-Uringan

Akèh wong kang nduwé pengasilan cukup, nanging ora kabèh uripé bisa tentrem. Ora sethithik wong kang bisa anthuk suksès enggoné berjuang ing kalangan ékonomi utawa persatuan, nanging uripé ora jenjem. Wong kang nduwé pangkat dhuwur, nanging ora bisa ngrasaaké kanikmatan enggoné urip ing ngalam ndonya, iya ora sethithik wilangané. Mengkono uga ana wong kang sugih singgih, omahé gedhong magrong2 sapirang-pirang, donyané mubra-mubru, nanging atiné ora bisa bagya, uripé ora tentrem, rasa-pangrasané ora ayem.

Wong-wong kang mengkono mau wis mesthi baé ora klebu golongané wong kang begja (bahagia), ora kepétung wong kang seneng uripé, kang enak-kepenak, marga ora bisa ngrasaaké kanugrahaning Pangèran kang awujud 'urip ayem tentrem rahayu lan slamet.

Rasa-pangrasa ayem tentrem lan rahayu slamet iku kosok baliné rasa-pangrasa ora jenjem, ora ayem, iyo kosok baliné karo rasa-pangrasa jèngkèl, gorèh, rongèh, kisruh, cilaka, kerep uring-uringan, kerep mangkel lan sakpanunggalané.

Dadi cekaké baé, yèn kita kepingin kaleksanan idam-idaman kita bisané urip kanthi seneng ayem tentrem rahayu slamet, iya kudu bisa nyirnakaké rasa-pangrasa kang kosok balèn karo rasa-pangrasa ayem tentrem mau. Yaiku bisa nyirnakaké perasaan jèngkèl, gela, mangkel, seneng muring-muring kang tanpa sebab, anyel, mèrèn, lan sapanunggalané mau.

Apa iya perasaan jèngkèl lan seneng uring-uringan iku mbebayani tumrap urip kita?

Sawijining ahli pengobatan kang misuwur sarta wis naté olèh pangalembana Noble, aran Dr. Alexis Carrel, sawisé nganakaké paniti priksa tetahunan lawase ing bab bebayané perasaan jèngkèl lan uring-uringan (worry) tumrap kasarasané jiwa ragané manungsa, wis naté netepaké panemuné, yèn 'Business men who do not know how to fight worr die young', kang jarwané 'Wong among dagang (lan iya wong liyané) kang ora bisa mbrantas rasa-pangrasané jèngkèl, bakal mati nalika isih enom.

Luwih cethané manèh, sapa baé kang uripé tansah ngrasa jèngkèl, pijer uring-uringan baé, wong mau bakal dhawa umuré.

Dr. O. F. Gober, sawijining ahli pengobatan kan wis anthuk sesebutan sarjana saka Gulf, Colorado lan Santa Fe Hospital Assosiation, dadi kepalane rumah sakit wis matahun-tahun lawasé, nerangaké yèn 70% saka sakèhing wong kang lara ing rumah sakité padha bisa waras dhéwé marga saka enggoné bisa nyirnakaké rasa-pangrasané jèngkèl lan perasaan wedi. Kang mangka lelarané mau dudu lelara saka gaweyané dhéwé, nanging pancen nandang lara temenan.

Perasaan wedi mau tuwuhé marga saka jèngkèl utawa wewatakan uring-uringan. Pikiran kang jèngkèl, mangkel, njalari senuw (urat syaraf utawa tali rasa) mbanjur tegang, utawa mbekengkeng, kang tumuli njalari anané effect ing sajroné weteng. Marga dhéné sebab iki dayané tali urat syaraf ing weteng mauné tumindak wajar kaya samesthiné, banjur tumindak kang ora samesthiné. Lawasing-lawas nuwuhaké lelara abuh ing sajroning weteng.

Iku sababé déné Dr. Alexis Carrel mau kanda 'Sing sapa uripe tansah jèngkèl lan mangkel, ora bakal dawa umuré'.

Supaya luwih mantep marang bebayané perasaan jèngkèl lan seneng uring-uringan mau, kita aturaké panemuné sawetara ahli liyané manèh. Dr. Joseph F. Montagne sawijining sarjana kang ngarang buku 'Nervous Stomach Trouble' naté nulis, yèn wong ora bakal nemahi lelara abuh ing weteng marga saka panganan kang dipangan, nanging marga saka ana apa-apa kang wis 'mangan' wong mau.

Yèn dikandhaaké sarana tetembungan lumrah, mengkéné : Wong nandang lelara weteng (usus abuh lsp.) iku ora marga saka panganan, nanging marga saka perasaaning atiné dhéwé kang wis mangsa (ngrikiti) marang kawarasané dhéwé. Déné perasaan mau ora liya iya rasa-pangrasa jèngkèl lan seneng muring-muring mau.

Kasebut ing ndalem salah sawijing riwayat, ana sawijining wong lanang marak ing ngarsaning Kanjeng Nabi s.a.w., klawan matur ngrerepa, "Mugi keparengan paring wasiyat dateng kula", kang diwangsuli dening Kanjeng Nabi sarana pangandika "Kowé aja nduwèni sipat neson (seneng muring-muring)". Enggoné Kanjeng Nabi ngendika mengkono mau nganti ambal-ambalan.

Sawijining ngulama Mohammad Hasbi Assyidiki nerangaké, yèn wigati banget kita bisa nyucèkaké jiwa kita saka watak neson sarta saka tanda-tanda panasing ati. Wong kang gumampang enggoné nesu utawa uring-uringan iku prasasat ngetogaké (ora merduli) anané tong isi lenga ing sacedaké geni kang ngalad-alad.

Para dokter ahli (bangsa) kita tumekané saiki gajegé durung ana kang kersa nyatakaké bebayané perasaan jèngkèl lan uring-uringan (worry) sarana tinulis, nanging para sarjana kita jaman kuna wis ana kang ngèlingaké bab alané sumbering perasaan jèngkèl lan uring-uringan mau, yaiku saka wewatakan 'dahwèn patiopèn' lan sak panunggalané.

Ing 'Wulan Rèh', Paku Buwono IV paring pasemon kahanané masyarakat bangsa kita dèk semana kang kèh-kèhané pada ora bisa ayem tentrem, marga tansah ngangsa-angsa uripé, sarana tembang pangkur :

Ing mangsa mengko pan arang, kang katemu ing basa kang basuki, ingkang lumrah wong puniku,drengki srèi lan corah, irèn mèrèn panastèn dahwèn kumingsun, opènan ora prasaja, jahil methakil besiwit.

Dadi wis bisa ngarani yèn wewatakan kang njalari jèngkèl lan uring-uringan, yaiku drengki, irèn, panastèn, opènan, dahwèn lan sak panunggalané mau 'ora becik'.

Bédané karo para sarjana kulonan, déné pujangga jaman biyèn ora nganti klawan cos-pleng nerangaké sepira bebayané ora beciké mau, kawawas saka kasarasané badan lan jiwa kita.

(Ana candaké... )

Sunday, January 4, 2009

Paedahe Urip Seneng Lan Tentrem

SRI KRESHNA, ing Bagawad Gita sarga II pupuh 62 ngandika marang Arjuna, "Wong kang mung tansah merlokaké marang pepénginan tumrap rasa demen lan gething iku tamtu bakal tansah kagoda ing rasa kang kaya mangkono baé. Wusanané sok banjur énggal jéngkél utawa kerep duwé rasa kuwatir kang tanpa wasana".

Iya rasa 'jéngkél lan kuwatir kang tanpa wasana' iki kang dadi underaning andaran ing blog kang dak aturaké para maos iki, awit rasa pangrasa jéngkél lan kuwatir kang tanpa wasana iku sejatiné gedé banget anggoné merbawani (mempengaruhi) marang katentremaning jiwa raga kita, kang tumusé njalari kita ora bisa ngrasakaké urip seneng lan tentrem. Sugiha dikaya ngapa, nanging yén kasinungan rasa jéngkél lan tansah kuwatir, ora bakal bisa urip kanthi seneng lan tentrem. Nduwéya pangkat dhuwur lan tansah kajén kéringan, nanging yén perasaané ora jenjem, ora tentrem, wis mesthi uripé ora bakal ayem lan seneng.

Sanajan wong wis bisa nggayuh suksès kang gilang-gumilang, nanging yén uripé saben dinané ing sakubengé rumah-tanggané tansah goréh, tansah keganggu ing perasaan jéngkél, kerep uring-uringan, wis mesthi ora bakal seneng tentrem uripé, utawa tembungé Indonesia : tidak bahagia.

Kita akoni yén sipaté manungsa umumé ing alam ndonya kang ora langgeng iki - ora sampurna lan pada ora kalis ing rasa-pangrasa pepénginan, sarta ora bisa nyirik babar pisan marang sarupané rasa-pangrasa demen lan gething. Yén ta kabéh manungsa bisa ngunjara pepénginan tumrap rasa demen lan gething, wis mesthi kahanané ndonya ora kaya mengkéné.

Manungsa utawa manusa, kérata-basané baé menus-menus ngangsa-angsa, dadi arang kang temen-temen bisa ngunjara pepénginan kaya kasebut ing Bagawad Gita mau. Mula Sri Kreshna enggoné ngandika iya nganggo tetembungan, "yen mung tansah merlokaké marang pepénginan". Dadi ngemu teges : yén ta ora mung tansah merlokaké pepénginan, dadi sok merlokaké sok ora, kira2 ora bakal banget2 enggoné déning perasaan jéngkél lan kuwatir. Utawa yén ta enggoné merlokaké mau mung sethithik banget utawa nganggo koma-koma (wates), mesthiné iya isih bakal bisa uga ngrasaaké (ngicipi) rasa seneng lan tentrem sanajan ora sampurna.

Panyuwuni kang nulis blog iki, sarana andaran kang bakal diaturaké, muga-muga para maos bisa methik sarining wulangané para sarjana lan pujangga, satemah bisa ngurangi rasa-pangrasané kang sok ngganggu katentremaning ati. Sukur bage bisa nemahi déning Sri Kreshna kasebut ing Bagawad Gita pupuh 63, "Ing sajroné katentreman iku, kabéh kan aran kesusahan lan kesedihan padha sumingkir, awit wong kang tentrem iku pikirané ora klambrangan, mung nuju sawiji, kahanané wus ora mirang-miring manéh.

Hla yén wis bisa kaya mangkono, arepa luwih aktif (sengkud) anggoné mélu berjuang kanggo pembangunané negara lan kaperluwaning rakyat, iya bakal bisa nindakaké kanthi jujur teratur, sepi ing pamrih, manut pétungan kan bener lan nalar kan jejeg.

Arepa mbangun rumah-tangga dhéwé, iya bakal kaleksanan bisa urip gendon rukon, apa déné sayuk rukun marang sapadha-padhané satemah bisa ngrasakaké kanugrahaning Pangéran kan arupa "seneng tentrem" enggoné tinitah lahir lan urip ing ngalam ndonya iki.

...--o0o--...

Eliding dongéng : Urip ing donya iki perlu bisané seneng, ayem lan tentrem, awit wigati banget tumrap karahayuning jiwa raga. Mung wong kang seneng tentrem uripé, bakal bisa leladi kanthi rila lan sembada enggoné ngayahi kuwajibané tinitah dadi manungsa kadidéné titah kang mulya.