Sunday, February 1, 2009

Bisane Kaleksanan Anggayuh Pepenginan

Daya kekuwatan sarta tanagané manungsa iku sanyatané ora akèh bedané antara siji lan sijiné. Upama juwara mlumpat dhuwur, sanajan wis kajuwara, nanging kekuwatané mlumpat ora nganti tikel pindo saka kekuwatan mlumpaté wong lumrah, kang sababag umur-umurané lan padha bagas kuwarasané. Juwara njunjung wesi ora bakal kekuwatané nganti tikel saka kekuwatané wong lumrah kang padha umur-umurané lan padha warasé.

Nanging yen kita mawas ing bab pegawèyané utawa usahané, teka akèh kang adoh banget bèdané. Awit ana kang sajak mung ènak-ènak baé olèhé nyambutgawé, wis bisa olèh pengasilan milyaran, balik liyané wong-wong padha adus kringet olèhé nyambutgawé, teka pengasilané ora sepiroa, bebasané mung cukup dipangan sedina baé.

Nanging sanyatané pancen mung sethithik banget wilangané wong kang wis bisa suksès usahané, luwih sethithik manèh wilangané kang nganti ketekan seneng lan tentrem atiné. Kang mangka sanyatané uger wong, sapa baé, yèn ngerti marang dalan-dalané, mesthi bisa anggayuh suksès. Sarta yèn weruh wadiné marang kapriyé penggayuhé kasenengan lan katentreman mau, iya mesthi bakal kinabulan.

Urip sepisan ing ngalam ndonya iki, kita kudu ngudidaya bisané antuk kanugrahan kang arupa kabegjan, marga suksès enggoné nyambutgawe, katekan apa kang dituju, kasembadan apa kang disedya. Kudu bisa migunakaké urip kita ing ndonya iki klawan sabecik-beciké, kang migunani lan mikolehi.

Kanggo anggayuh kaleksanané sedya antuk kabegjan mau, kita kudu nduwèni sangu kabisan kang kudu kita sinau lan kita lelantih. Yèn manut piwelingé Pujangga Ronggowarsita 'èsthinen nganti kelakon'.

Sadurungé golèk sangu kabisan, kita kudu ngerti dhisik apa ta sanyatané kang bakal bisa gawé rasa seneng lan tentrem iku mau? Awit siji-sijiné wong ing bab iki, ora padha panemuné. Kang akèh-akèh wong padha nduwé panemu, yèn dhèwèké kelakon nduwéya ika utawa iki, mesthi bakal seneng lan ayem. Yèn nduwéya motor, mesthi seneng, yèn kelakon nduwéya omah apik, wis mesthi bakal bungah, yèn nduwéya duwit akèh, wis mesthi ayem, mengkono sakpituruté. Nanging sanyatané rasa-pangrasa seneng tentrem lan begja iku ora dumunung ana ing bab duwé orané, nanging kaleksanané pepenginané.

Wong kang wis pinter nyetir motor, ora bakal ngrasakaké kabungahan lan kasenengan enggoné nyetir, awit kahanan kang mengkono mau wis ora narik perhatian. Nanging tumrap wong kang lagi sengsem-sengseme sinau nyetir, wis mesthi dhèwèké ngrasakaké seneng banget ing wektu bareng wis kelakon bisa nindakaké apa kang dadi pepenginané mau.

Wong kang wis pinter njogèd, luwih-luwih kang wis dadi penggawèyané saben mbengi ngébaraké kagunané mau, ora bakal dhèwèké ngrasakaké seneng saka enggoné njogèd mau, awit kang mengkono mau wis klebu kahanan biyasa. Balik tumrap wong kang ketembén lagi bisa njogèd, wis mesthi ngrasa begja lan seneng banget.

Mengkono uga wong kang laku dagang, kang tansah nemahi kabegjan lan kauntungan, senengé lan bungahing atiné dumunung ana ing nalika dhèwèké sengkud nyambutgawé kang njalari tekané kauntungan mau. Terkadang yèn wis tekan titi mangsané arep seneng-seneng migunakaké kasugihané, malah ora nemahi kesenengan lan kemareman.

Mula saka iku, bisané kita maju kudu bèrag marang rasa kabegjan. Bisanè antuk kabegjan kudu bisa anggayuh kaleksanané pepénginan. Dadi kang baku, luwih dhisik kita kudu nduwèni pepénginan kang wujudé warana-warna banget iku, lan tumrapé wong siji lan sijiné ora padha.

Yèn wujudé pepénginan mau dhuwur, enggoné anggayuh kudu saka sathithik, saka satalundang-satalundang. Yèn wujudé pepénginan gedhé, enggoné njupuk kudu saka sathithik-sathithik, aja murka kaya cecak anguntal elo. Dumadiné kabegjan kang wujud rasa seneng, marem lan tentrem iku kudu digayuh saka kaleksanan pepénginan cilik-cilik saka sethithik. Liré kita kudu ngleksanani pepénginan kang cilik-cilik luwih dhisik, sadurungé anggayuh pepénginan kang gedhé, dadi kita banjur nduwé tujuwan kang wis kita tetepaké bakal kita gayuh. Awit pepénginan kang miyar-miyur, utawa pepénginan kang tanpa tujuwan kang tetep, mung bakal ngecèh-ecèh tenaga lan pikiran baé, ora bakal kaleksanan ngunduh wohing panggawé.

Yèn mengkono, kita kudu nduwé rancangan panyambutgawé. Awit puluha tujuwané wis maton, wis dipilih kanthi gelenging pikir, nanging yèn carané enggoné anggayuh tanpa rancangan, tanpa rencana, bakal ora gampang kaleksanané. Pancen sarupaning perjuangan kan becik iku kabèh kudu mawa pétungan, harus memakai perhitungan.

Dr. J.F. Shipley naté ngandaraké pepénginané sawijining pemuda umur 18 tahun, kang bareng metu saka pamulangan, nduwé pepénginan mengkéné :
1. Sawijining pegawèyan kang bayaré gedhé.
2. Tepungan sawijining kenya kang èndah warnané
3. Sepèdah motor kang apik.
Iku tuladha pepènginan kang murka, tur kepénginé bisa kaleksanan bebarengan.

Dr. Tjokrohadiwidjojo ing 'Abadi dan Sementara' ngèlingaké, beciké kita migatèkaké marang 3 bab :
1. Rungokna osiking jiwa kita, awit mesthi murniné.
2. Ngudidaya (ikhtiyara) klawan sabecik-beciké, nanging kang semono mau kudu sadar yèn ta pètungané manungsa iku najan dikaya ngapa tumatané, isih ana kang klèru.
3. Kang mengkono mau ateges kita kudu percaya lan tawakal marang karsaning Pangeran.

*
**

Wossing atur : Supaya kita bisa kaleksanan nggayuh pepénginan murih kelakon seneng lan tentrem, ing kalamangsané kudu milih siji baé kan maton lan ora langka kagayuh. Pikiran lan tenaga kudu kita sawijèkaké mligi kanggo nggayuh pepénginan kang siji iku.

No comments:

Post a Comment