Sunday, January 4, 2009

Paedahe Urip Seneng Lan Tentrem

SRI KRESHNA, ing Bagawad Gita sarga II pupuh 62 ngandika marang Arjuna, "Wong kang mung tansah merlokaké marang pepénginan tumrap rasa demen lan gething iku tamtu bakal tansah kagoda ing rasa kang kaya mangkono baé. Wusanané sok banjur énggal jéngkél utawa kerep duwé rasa kuwatir kang tanpa wasana".

Iya rasa 'jéngkél lan kuwatir kang tanpa wasana' iki kang dadi underaning andaran ing blog kang dak aturaké para maos iki, awit rasa pangrasa jéngkél lan kuwatir kang tanpa wasana iku sejatiné gedé banget anggoné merbawani (mempengaruhi) marang katentremaning jiwa raga kita, kang tumusé njalari kita ora bisa ngrasakaké urip seneng lan tentrem. Sugiha dikaya ngapa, nanging yén kasinungan rasa jéngkél lan tansah kuwatir, ora bakal bisa urip kanthi seneng lan tentrem. Nduwéya pangkat dhuwur lan tansah kajén kéringan, nanging yén perasaané ora jenjem, ora tentrem, wis mesthi uripé ora bakal ayem lan seneng.

Sanajan wong wis bisa nggayuh suksès kang gilang-gumilang, nanging yén uripé saben dinané ing sakubengé rumah-tanggané tansah goréh, tansah keganggu ing perasaan jéngkél, kerep uring-uringan, wis mesthi ora bakal seneng tentrem uripé, utawa tembungé Indonesia : tidak bahagia.

Kita akoni yén sipaté manungsa umumé ing alam ndonya kang ora langgeng iki - ora sampurna lan pada ora kalis ing rasa-pangrasa pepénginan, sarta ora bisa nyirik babar pisan marang sarupané rasa-pangrasa demen lan gething. Yén ta kabéh manungsa bisa ngunjara pepénginan tumrap rasa demen lan gething, wis mesthi kahanané ndonya ora kaya mengkéné.

Manungsa utawa manusa, kérata-basané baé menus-menus ngangsa-angsa, dadi arang kang temen-temen bisa ngunjara pepénginan kaya kasebut ing Bagawad Gita mau. Mula Sri Kreshna enggoné ngandika iya nganggo tetembungan, "yen mung tansah merlokaké marang pepénginan". Dadi ngemu teges : yén ta ora mung tansah merlokaké pepénginan, dadi sok merlokaké sok ora, kira2 ora bakal banget2 enggoné déning perasaan jéngkél lan kuwatir. Utawa yén ta enggoné merlokaké mau mung sethithik banget utawa nganggo koma-koma (wates), mesthiné iya isih bakal bisa uga ngrasaaké (ngicipi) rasa seneng lan tentrem sanajan ora sampurna.

Panyuwuni kang nulis blog iki, sarana andaran kang bakal diaturaké, muga-muga para maos bisa methik sarining wulangané para sarjana lan pujangga, satemah bisa ngurangi rasa-pangrasané kang sok ngganggu katentremaning ati. Sukur bage bisa nemahi déning Sri Kreshna kasebut ing Bagawad Gita pupuh 63, "Ing sajroné katentreman iku, kabéh kan aran kesusahan lan kesedihan padha sumingkir, awit wong kang tentrem iku pikirané ora klambrangan, mung nuju sawiji, kahanané wus ora mirang-miring manéh.

Hla yén wis bisa kaya mangkono, arepa luwih aktif (sengkud) anggoné mélu berjuang kanggo pembangunané negara lan kaperluwaning rakyat, iya bakal bisa nindakaké kanthi jujur teratur, sepi ing pamrih, manut pétungan kan bener lan nalar kan jejeg.

Arepa mbangun rumah-tangga dhéwé, iya bakal kaleksanan bisa urip gendon rukon, apa déné sayuk rukun marang sapadha-padhané satemah bisa ngrasakaké kanugrahaning Pangéran kan arupa "seneng tentrem" enggoné tinitah lahir lan urip ing ngalam ndonya iki.

...--o0o--...

Eliding dongéng : Urip ing donya iki perlu bisané seneng, ayem lan tentrem, awit wigati banget tumrap karahayuning jiwa raga. Mung wong kang seneng tentrem uripé, bakal bisa leladi kanthi rila lan sembada enggoné ngayahi kuwajibané tinitah dadi manungsa kadidéné titah kang mulya.

No comments:

Post a Comment