Ing jaman révolusi, wong kang sabar narima, adakané nemahi kapitunan utawa kacilakan. Ing jaman dynamika kang nengenaké tandang cukat trengginas kaya saiki, yèn wong sabar lan narima baé mesthi bakal ketinggalan, kèri ana ing mburi.
Nanging wewatakan sabar lan narima iku sejatiné ora ateges pasif, meneng, thenguk-thenguk sangga uwang - ora berjuang lan ora bergerak. Sabar iku ora ateges mung ngentèni tètèsing ebun. Ing wulangan agama Islam, kasebut ing ndalem firman Allah mengkéné, "Klebu jinisé wong kang becik-becik sarta utama yaiku wong kang sabar ing ndalem kasusahan lan bebaya, sarta sabar ing nalika nanipa karibetan. Ganjarané wong kan sabar iku bakal disampurnakaké klawan amalé, ing nalika uripé lan ing mbésuké".
Dadi werdiné sabar ing kéné ora teka meneng narima pandum, mung ngarep-arep lan ngentèni piwelasing liyan, ora, nanging ana jinis sabar liyané manèh kang yèn dienggo malah bakal nekakaké ganjaran gédhé. Yaiku sabar ing ndalem kesusahan, sabar ing nalikané nampa pepalang lan reribet.
Kita urip ing alam ndonya iki ora luput saka ing alangan. Najan banget ing pangati-ati kita supaya kalis ing pepalang lan kasusahan, éwadéné ing sawijining wektu sepisan pindo iya meksa nandang kasusahan utawa nemoni pepalang. Kang mengkéné iki wis dadi wataking kahanan ing ngalam ndonya, owah gingsir, ora ana kang langgeng. Kyai Ageng Surya Mataram ngendikakaké sarana istilah 'gèk bungah gèk susah'.
Mula saka iku, tekané rintangan lan kasusahan kang nrajang urip kita, kudu kita anggep lumrah, aja banjur katampa klawan gugup, kagèt utawa gedéné angles. Ing nalikané kahanan kang kaya mengkono mau, kita mbutuhaké kesabaran, supaya bisa kalis saka bebaya liyané kang arep nimbrung muwuhi kasusahan kita. Yaiku rasa-pangrasa jèngkèl, uring-uringan, mangkel, lan sak panunggalané kang luwih mbebayani manèh tumrap urip kita.
Awit iya rasa-pangrasa gampang nesu, gampang jèngkèl lan sapituruté mau kang bakal ngrusak rahayu slameting urip kita, kang bakal dadi ulering rasa-pangrasa ayem lan tentrem.
Sabar kang ora klèru panggonanè, sabar kang trep panindaké, bakal awéh kabegjan marang sok uwonga kang kadunungan sesipatan mangkono mau. Malah firman Pangèran anerangaké kanthi wijang yèn "Satuhuné Ingsun bakal angganjar wong-wong kang sabar sarana ganjaran kang ngluwihi beciké saka kang diamalaké".
Nanging kang akèh-akèh tinemuné ing kalangané bangsa kita, piweling supaya sabar narima mau tinampa kanthi pangertén kang kurang tepat. Yaiku déné kèh-kèhané banjur pasif, lumuh ikhtiyar, lumuh berjuang mbeciki panguripané, emoh tandang gawé kanthi giyat, wegah meres kringet, lumuh nyambut gawé kanthi ngetog kabisan lan kekuwatané. Anané banjur narima ing pandum klawan sesanti 'ana njawa ana upa, alon-alon uger kelakon'. Kang mengkènè iki 'klèru'.
Kasebut ing 'Serat Gambring' ana piweling tinggalané leluhur kita sarana tembang durma :
wanuh winowor ing sih,
wenang sinengaja,
wani mangsah prayitna,
anglakoni prèntah becik,
sarat ginulang,
ngembat kodiron suci.
Basa nrima iku sawising ikhtiyar,
ikhtiyar iku katri,
dihin basa lèsan,
prayitna barang ujar,
kapindo anteping ati,
kang kaping tiga,
barang pratingkah becik.
Kaya kalumrahané, leluhur kita jaman kuna yèn paring wejangan marang kawulané, ora blak-blakan lan ora nganggo tetembungan prasaja, sarta iketan ukarané ora gampang dimangertèni, nanging tansah rinengga ing tetembungan kasusastran kang èdi-èdi. Coba tilingna sepira kepènaké rinunguné purwakanthi 'wa' ing ukara ndhuwur mau, basa wani wanuh waniné winenang, wanuh winowor ing sih.
Wirama swarané pancèn kepènak banget. Nanging surasané wejangan, ora gampang dimangertèni, yèn ta ora diteliti siji-siji saka satembung-satembung.
Wejangan bab 'narima' ing 'Serat Gambring' mau, tinemu ing pupuh kapindo, yèn dijèrèng nganggo tetembungan prasaja, mengkéné :
"Wong kang narima iku sawisé katog enggoné ikhtiyar. Déné ikhtiyar iku tindakan atawa panggawé kang katelu, awit sadurungé ikhtiyar, dhisiké (kang kapisan) wong kudu ngati-ati ing bab caturan utawa rembugané. Kang kapindo kudu nduwé kamantepaning ati, liré aja was sumelang, kudu percaya diri pribadi, déné kang nomer telu, sabarang tindak-tanduk kang becik. Yèn kabèh mau wis dilakoni, wis nindakaké ikhtiyar, lan yèn ikhtiyaré wis katog, lagi narima".
Mengkono werdiné narima, manut wejangan kuna. Dadi ora ateges narima tanpa ikhtiyar. Ora teka narima kang ora dibebukani nyambut gawé kanthi ngetog kekuwatan lan kepinterané.
Narima kang dibebukani sarana ikhtiyar kang nganti ngetog kabisan kanthi meres kringet, tumusé ing ati, yèn ta ora kasil ora bakal ngresula, ora bakal jèngkèl lan uring-uringan kang njalari tekané penyakit mbebayani iku. Suwaliké malah banjur bisa nekakaké rasa-pangrasa sumèlèh, ayem tentrem.
**
Pathining pitutur : Watak sabar kang pinuji iku watak kang utama lan migunani banget tumrap karahayuning jiwa lan raga. Mula perlu banget nglelatih watak sabar, bisaa ngerèh rasa-pangrasa ngonggo-onggo lan èmosi dereng kang gumrengseng, supaya bisa ayem tentrem.



hehehe....setuju,...
ReplyDelete