Akèh wong kang nduwé pengasilan cukup, nanging ora kabèh uripé bisa tentrem. Ora sethithik wong kang bisa anthuk suksès enggoné berjuang ing kalangan ékonomi utawa persatuan, nanging uripé ora jenjem. Wong kang nduwé pangkat dhuwur, nanging ora bisa ngrasaaké kanikmatan enggoné urip ing ngalam ndonya, iya ora sethithik wilangané. Mengkono uga ana wong kang sugih singgih, omahé gedhong magrong2 sapirang-pirang, donyané mubra-mubru, nanging atiné ora bisa bagya, uripé ora tentrem, rasa-pangrasané ora ayem.
Wong-wong kang mengkono mau wis mesthi baé ora klebu golongané wong kang begja (bahagia), ora kepétung wong kang seneng uripé, kang enak-kepenak, marga ora bisa ngrasaaké kanugrahaning Pangèran kang awujud 'urip ayem tentrem rahayu lan slamet.
Rasa-pangrasa ayem tentrem lan rahayu slamet iku kosok baliné rasa-pangrasa ora jenjem, ora ayem, iyo kosok baliné karo rasa-pangrasa jèngkèl, gorèh, rongèh, kisruh, cilaka, kerep uring-uringan, kerep mangkel lan sakpanunggalané.
Dadi cekaké baé, yèn kita kepingin kaleksanan idam-idaman kita bisané urip kanthi seneng ayem tentrem rahayu slamet, iya kudu bisa nyirnakaké rasa-pangrasa kang kosok balèn karo rasa-pangrasa ayem tentrem mau. Yaiku bisa nyirnakaké perasaan jèngkèl, gela, mangkel, seneng muring-muring kang tanpa sebab, anyel, mèrèn, lan sapanunggalané mau.
Apa iya perasaan jèngkèl lan seneng uring-uringan iku mbebayani tumrap urip kita?
Sawijining ahli pengobatan kang misuwur sarta wis naté olèh pangalembana Noble, aran Dr. Alexis Carrel, sawisé nganakaké paniti priksa tetahunan lawase ing bab bebayané perasaan jèngkèl lan uring-uringan (worry) tumrap kasarasané jiwa ragané manungsa, wis naté netepaké panemuné, yèn 'Business men who do not know how to fight worr die young', kang jarwané 'Wong among dagang (lan iya wong liyané) kang ora bisa mbrantas rasa-pangrasané jèngkèl, bakal mati nalika isih enom.
Luwih cethané manèh, sapa baé kang uripé tansah ngrasa jèngkèl, pijer uring-uringan baé, wong mau bakal dhawa umuré.
Dr. O. F. Gober, sawijining ahli pengobatan kan wis anthuk sesebutan sarjana saka Gulf, Colorado lan Santa Fe Hospital Assosiation, dadi kepalane rumah sakit wis matahun-tahun lawasé, nerangaké yèn 70% saka sakèhing wong kang lara ing rumah sakité padha bisa waras dhéwé marga saka enggoné bisa nyirnakaké rasa-pangrasané jèngkèl lan perasaan wedi. Kang mangka lelarané mau dudu lelara saka gaweyané dhéwé, nanging pancen nandang lara temenan.
Perasaan wedi mau tuwuhé marga saka jèngkèl utawa wewatakan uring-uringan. Pikiran kang jèngkèl, mangkel, njalari senuw (urat syaraf utawa tali rasa) mbanjur tegang, utawa mbekengkeng, kang tumuli njalari anané effect ing sajroné weteng. Marga dhéné sebab iki dayané tali urat syaraf ing weteng mauné tumindak wajar kaya samesthiné, banjur tumindak kang ora samesthiné. Lawasing-lawas nuwuhaké lelara abuh ing sajroning weteng.
Iku sababé déné Dr. Alexis Carrel mau kanda 'Sing sapa uripe tansah jèngkèl lan mangkel, ora bakal dawa umuré'.
Supaya luwih mantep marang bebayané perasaan jèngkèl lan seneng uring-uringan mau, kita aturaké panemuné sawetara ahli liyané manèh. Dr. Joseph F. Montagne sawijining sarjana kang ngarang buku 'Nervous Stomach Trouble' naté nulis, yèn wong ora bakal nemahi lelara abuh ing weteng marga saka panganan kang dipangan, nanging marga saka ana apa-apa kang wis 'mangan' wong mau.
Yèn dikandhaaké sarana tetembungan lumrah, mengkéné : Wong nandang lelara weteng (usus abuh lsp.) iku ora marga saka panganan, nanging marga saka perasaaning atiné dhéwé kang wis mangsa (ngrikiti) marang kawarasané dhéwé. Déné perasaan mau ora liya iya rasa-pangrasa jèngkèl lan seneng muring-muring mau.
Kasebut ing ndalem salah sawijing riwayat, ana sawijining wong lanang marak ing ngarsaning Kanjeng Nabi s.a.w., klawan matur ngrerepa, "Mugi keparengan paring wasiyat dateng kula", kang diwangsuli dening Kanjeng Nabi sarana pangandika "Kowé aja nduwèni sipat neson (seneng muring-muring)". Enggoné Kanjeng Nabi ngendika mengkono mau nganti ambal-ambalan.
Sawijining ngulama Mohammad Hasbi Assyidiki nerangaké, yèn wigati banget kita bisa nyucèkaké jiwa kita saka watak neson sarta saka tanda-tanda panasing ati. Wong kang gumampang enggoné nesu utawa uring-uringan iku prasasat ngetogaké (ora merduli) anané tong isi lenga ing sacedaké geni kang ngalad-alad.
Para dokter ahli (bangsa) kita tumekané saiki gajegé durung ana kang kersa nyatakaké bebayané perasaan jèngkèl lan uring-uringan (worry) sarana tinulis, nanging para sarjana kita jaman kuna wis ana kang ngèlingaké bab alané sumbering perasaan jèngkèl lan uring-uringan mau, yaiku saka wewatakan 'dahwèn patiopèn' lan sak panunggalané.
Ing 'Wulan Rèh', Paku Buwono IV paring pasemon kahanané masyarakat bangsa kita dèk semana kang kèh-kèhané pada ora bisa ayem tentrem, marga tansah ngangsa-angsa uripé, sarana tembang pangkur :
Ing mangsa mengko pan arang, kang katemu ing basa kang basuki, ingkang lumrah wong puniku,drengki srèi lan corah, irèn mèrèn panastèn dahwèn kumingsun, opènan ora prasaja, jahil methakil besiwit.
Dadi wis bisa ngarani yèn wewatakan kang njalari jèngkèl lan uring-uringan, yaiku drengki, irèn, panastèn, opènan, dahwèn lan sak panunggalané mau 'ora becik'.
Bédané karo para sarjana kulonan, déné pujangga jaman biyèn ora nganti klawan cos-pleng nerangaké sepira bebayané ora beciké mau, kawawas saka kasarasané badan lan jiwa kita.
(Ana candaké... )